Selamat Datang

Selasa, 04 Agustus 2015

Tembang Mocopat






Durma
Damarwulan aja ngucireng ngayuda, 12 a
Baliya sun anteni, 7 i
Mangsa sun mundura, 6 a
Lah Bisma den prayitna, 7 a
Katiban pusaka mami, 8 i
Mara tibakna, 5 a
Curiganira nuli. 7 i
(Langendriyan)

Mijil
andhe dhuh biyung wayah apa iki
rembulan wus ngayom
ing gegana ting abyor lintange
titi sonya puspita kasilir
marutaris kengis
sumrik gandanyarum

Gambuh
Marmane sira sagung
Aneng donya ywa kong si kaugung
Dipun becik mring sasama ning dumadi
Supaya nora kaduwung
Mrih rahayu ning lalakon

Megatruh
Aywa kliru kang jeneng urip iku
Ya kang gumelar neng bumi
Sing bisa branahan iku
Run tumurun ing salami
Tetuwuhan kewan janma




Maskumambang

Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa

Sinom
Nulada laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wonga gung ing ngeksi ganda
Panembahan senapati
Kepati amar sudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata

Asmaradana
Aja turu soré kaki Ana Déwa nganglang jagad Nyangking bokor kencanané Isine donga tetulak Sandhang kelawan pangan Yaiku bagéyanipun wong welek sabar narima

Kinanthi
Kukusing dupa kumelun
Ngeningken tyas kang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging saget angikipi
Sang resi kaneka putra
Kang anjog saking wiyati

Pangkur
unan giri smarandana
Datan kantun sunan pajang kinanthi
Sunan murya padha pangkur
Dene sinom kang ngripta
Datan sanes njeng suna giri rumuhun
Megatruh iku kang yasa
Nenggih kanjeng sunan giri

pocung
Pangajabku duwe gegayuhan luhur
Mandhegani bangsa
Mbrastha kemiskinan yekti
Swasembada murah sandang pangan papan

Dhandanggula
Aja nyawang mring bedaning kulit
Aja nyawang bedaning agama
Iku kanca nira kabeh
Sanadyan drajadipun
Luwih cendhek lawan si reki
Becik den kurmatana
Sesamaning makhluk
Yen iku wus katindhakna
Mesti sira tetep bakal den payungi
Gusti kang Maha Nasa