Selamat Datang

Sabtu, 06 Desember 2014

Berita Menggunakan Bahasa Jawa



KAPAL PATROLI NJEBLUG


Assalamualaikum Wr. Wb.
Wilujeng para pamiyarsa, Pawarta dinten menika surya kaping 19 Januari 2013.
Pinanggih malih kaliyan kita, Amiirah Putri lan Dhia Sasmita kagiyaraken saking Smaracatur On Air Surakarta.
Pawarta ingkang wigati inggih menika KAPAL PATROLI NJEBLUG.
Kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan kanthi nomer lambung BC-15001 njeblug ing pesisir Labu, Deli Serdang, Jumat 18 Januari 2013 bengi. 7 saka 9 petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli tiwas padha sakala.
Sawantara jam candhake, nalika salah sijine anak buah kapal nedya nguripke genset kanggo mbacutake patroli, ujug – ujug kapal kasebut njeblug banjur kerem menyang dhasaring segara. Direktur Jenderal Bea Cukai, Agung Kuswandono masthekake, njebluge kapal patroli mau murni amarga kacilakan wektu gensete arep diuripke. Agung nambahake, para petugas sing dadi korban kuwi pinuju nindhakake patroli rutin kanggo ngawekani penyelundupan barang liwat jalur segara.
Mekaten pawarta ingkang sampun kagiyaraken lumantar radio Smaracatur On Air Surakarta.
Mugi rahayu ingkang tansah sami pinanggih.
Nuwun. Wassalamualaikum Wr. Wb.

 http://pendidikan-kita-semua.blogspot.com/


 








Suharjono HK Spd, Unggul ing pilkades Trimulyo

Orator:
Suharjono HK, Spd (55 taun) warga dhusun Balong Trimulyo Sleman, kasil unggul ing pilian Kepala desa (Pilkades) Trimulyo kecamatan Sleman, Minggu (22-2-2009) kepungkur. Suharjono (nomor urut 2) kasil ngumpulake 2.366 suwara ngungguli calon lurah liyane yaiku Bambang Basuki Ilyas kang mantan lurah Trimulyo (nomor urut 1) saka dhusun Kepitu antuk 1.393 suwara, lan Untung P (nomor urut 3) uga saka dhusun Kepitu antuk 1.865 suwara.

Katrangan saka panitia Pilkades mratelakake, gunggunge pemilih ing Trimulyo wong 6.979, dene kang ngelonipilihan wong 5.713. Saka gunggung kasebut, suwara kang gugur ana 501 suwara. Dene kang ora teka coblosan ana 1.266 warga. Pilkades diadani ing 18 pedhukuhan iya 18 TPS (Tempat Pemungutan Suwara)
Suharjono HK, terpilih minangka lurah Trimulyo kanggo periode taun 2009-2015 (6 taun), bakal ngganteni Bambang Basuki Ilyas. Suharjono kang uga karyawan Dinas Pendidikan Kabupaten Sleman sawise kepilih lurah ngandharake bakal ngajokake pensiun. Suharjono kang ing desane dikenal minangka ketua BPD Trimulyo mratelakake, yen menange ing Pilkades mujudake kemenangane masyarakat Trimulyo.” Insya Allah, aku bakal nuhoni amanah warga Trimulyo kanggo ngabdi minangka lurah desa,” pratelake.
Sauntara kuwi, ing wektu kang bebarengan pilkades ing wilayah sleman uga digelar ing desa Tridadi. Lurah lawas Kabul Mudji Basuki warga dhusun Beran Kidul kasil menangake pilihan kanthi antuk 4.534 suwara, ngasorake H Mulyatno, BSc warga dhusun Pangukan kang antuk 3.408 suwara. Pilkades Tridadi diadani ing 20 TPS kang ana ing saben padhusunan ing Tridadi. [Ismadi]













KACILAKAN MONTOR MABUR ING MAGETAN
Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki, pase ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala dina Rebo esuk kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, nalika bangsa Indonesia mengeti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325. Miturut pawarta saka layang kabar lan tivi, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan Lapangan Udara Halim Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju dhaerah Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang tumuju, lan nalika arep mampir ing Lapangan Udara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi kacilakan.
Malah ing kedadeyan iki, luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban montor mabur kasebut. Saliyane iku, ana wong 15 kang uga melu nandhang tatu abot lan entheng. Dene omah-omah ing desa kasebut sing kenteban lan ndadekake remuk lan kobonge udakara patang omah. Ana sing ajur mumur lan ana sing payone remuk tanpa sisa. Kanthi anane kacilakan montor mabur duweke TNI AU kasebut mesthi wae ndadekake warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha jinja. Ing atase ora ngerti apa-apa, ngerti-ngerti ketiban sial.
Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya akeh dhaftar kacilakan montor mabur duweke TNI AU. Pancen akeh sing kandha yen sejatine montor mabur-montor mabur duweke negara mau akeh sing wis padha tuwa lan kudu diganti. Nanging gandheng kanthi alesan anggaran ora nyukupi, kepeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut wong lan barang-barang liyane. Apa ya pancen kacilakan mau bener-bener amarga saka umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab liyane? Ditunggu wae asil saka katrangane pamarintah bab sebab-musababe kacilakan montor mabur kasebut.








UPACARA KADANG TANI ING TANAH JAWI
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.


Tigo kendaraan klebu ing nabrakanipun, setunggal seda ing rumah gerah
Togo kendaraan klebu ing nabrakanipun ing dalan pantura pati – kudus km 6. Kecelakaan sing kedadenan ing dalan lalu lintas seko desa sukkulon kecamatan margerejo. Minggu esuk, 6 januari 2012, sekitar jam 9.
Kendaraan sing klebu mobil toyota rush AB 1602 PH, truk gandeng B 9671 ER dan sepeda montor honda vario
Ing peristiwa, Musadat (46 tahun) lan Peni Siswanti (39 tahun), piyambak-piyambak supir lan penumpang Toyota Rush warga Imogiri, Bantul Yogyakarta, lan pengendara sepeda montor vario sing durung . ketilonipun dirawat ing KSH Pati.
Seiring wektu Peni Siswanti akhirnya seda.  Menurut keterangan ing lokasi kedadenan, kedadenan awalnipun mobil Toyota Rush sing lepas kendali setelah berhenti di pinggir jalan. Meski sempat menghindar, truk gandeng sing mlaju dari arah berlawanan bertabrakan dengan toyota Rush.
Sepeda montor vario ing mburi truk gandeng, gagal endo lan menabrak bagian kiwa truk. Amargi tabrakan menika, margi dados macet.

http://pendidikan-kita-semua.blogspot.com/











SASONGKO 19 TAHUN TEWAS GUMANTUNG ING OMAHE
Kakira amarga nandhang depresi abot sawijining warga padhukuhan     paten desa Sumber Agung kecamatan Bantul nekat ngendhat lumantar panji klanthung iki mungkasi uripe kanthi cara ngendhat nanggo tali plastik kang ditalekake ing ndhuwur lawang kamr omahe.
            Tumindakke kanoman aran sasongko 19 tahun kang nekat iki langsung gawe gegere para warga mlikine tanggane korban. Kanoman kang wis suwe dimangerteni ngalami depresi iki nekat ngendhat nganggo tali kang ditalekake ing ndhuwur angin-angin lawang kamare, miiturut saakehing seksi ing papan kadadean korban wis makaping-kaping dirumat ing rumah sakit jiwa ing Pakem, Sleman kanthi laku kang ditindakake sasongko kasebut langsung dimangerteni dening bapakne.
            Nalika mulih saka sawah, mangerteni yen anakke wis gumantung, Bapakne korban langsung ngethok tali kang digunakake kanggo ngendhat kanthi pangucap supaya anakke isih ketulungan. Kapolsek Jethis, Letjen komisaris Sumardi ngelakake korban murni tewas amarga nglalu. Jrone paniti priksa medis lan tim identifikasi seka polres Bantul ora nemokake tanda-tanda kang ngupriyani. Sakbanjure jasade korban dipasrahake marang pihak keluarga saperlu dipethak. Purwanto-Bantul-TATV.














Perajin Tenun Stagen Betah Bantuwan Pemkab



Klaten, Kawontenan perajin tenun stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Kedungampel, Cawas, Klaten, mrihatosaken, jalaran ngantos samangke kirang dipun gatosaken dening pemerintah. Samangke nalika regi benang mindhak, para perajin namung saged pasrah dhateng kawontenan.

Bab punika ingkang dipun andharaken dening salah satunggaling perajin stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Santo Miharjo. Santo Miharjo nelakaken kekirangan pawitan, kamangka regi benang ugi awis. Sakawit regi benang Rp 5.000,00 samangke Rp 11.000,00 saben kilo. Kamangka regi stagen namung Rp 4.000,00 ngantos Rp 5.000,00. Benang sakilo saged kangge ndamel stagen cacah sekawan, satemah bebathen para perajin mepet.

Nyumerepi kawontenan kasebat, satunggaling sesepuh masyarakat dhusun, Tumirin rumaos prihatin dhateng sesanggan gesang para perajin stagen lan selendang ing wewengkonipun. Ngantos samangke, para perajin dereng nate pikantuk pembinaan punapadene bantuwan pawitan saking dinas ingkang kawogan. Pangajabipun, pemerintah sageda gatosaken para perajin, supados gesangipun saged murwad.

(Purwanto)










KIAI SE-JAWA MADURA NYUWUN PEMBUBARAN AHMADIYAH


PASURUAN - Halaqah Majelis Silahturrahmi Pengasuh Pondok Pesantren Indonesia (MSP3I) se-Jawa lan Madura nyuwun dateng pamarentah supados enggal mbubaraken Jemaat Ahmadiyah.

Majelis alim ulama ugi ndawuhaken supados ngendek sedoyo mawon kegiatan lan penyebaran kegiatan Ahmadiyah.

"kangge nyegah kedadosan kekerasan lan njagi keamanan negari, majelis silahturrahmi kyai nyuwun dateng pemerintah mbubaraken Ahmadiyah .pangandikanipun , KH Fachurrozi, Ketua MSP3I Jatim ingkang ugi pengasuh Ponpes An Nur, Bululawang Malang, Jumat (11/2/2011).

Halaqah alim ulama di Ponpes Sidogiri, Kraton Kabupaten Pasuruan, kolo wingi, ugi nyuwun dateng pemerintah supados SKB TigoMenteri No 3 tahun 2008 dados Undang-undang pelarangan ajaran Ahmadiyah. dateng masyarakat, dipun imbau supados mboten gampil dipun provokasi kawontenan puniko terutami masalah sara.

Halaqah poro sesepuh Ponpes niki dipun dugeni 130 ulama lan kyai khos. antawisipun KH Abdullah Faqih (Langitan Tuban), KH Achmad Subadar (Pasuruan/Rais Syuriah PBNU), KH Nawawi Abdul Djalil (Sidogiri, Pasuruan), KH Miftahul Ahyar (Rais Syuriah PWNU Jatim), KH Abdussomad Bukhari (Ketua MUI Jatim), KH Pangadilan Daulay (MSP3I Jakarta), KH Fuad Nurhasan, KH Bachruddin Thayyib (Pasuruan), KH Fachri Abdullah Sachal (Bangkalan).

Serat rekomedasi poro alim ulama niku wau ajeng dipun kintun dumateng Presiden lan DPR/MPR. Poro ulama ugi gadah pangarep-arep supados pamarentah enggal kemawon mbubaraken jemaat ahmadiyah ingkng sampun nyesataken puniko.Ketua MUI Jatim, KH Abdussomad Bukhari ugi mratelaaken , intinipun masalah kolo wau inggih saking ajaran ahmadiyah ingkang sesat lan mboten dipun larang kalian pemerintah.








EROPA KENA BARAT SALJU



Wis pirang-pirang dina ana pawarta yen ing sakukupan tlatah Eropa padha kena barat salju kang nggegirisi. Barat salju utawa kerep disebut badai salju kasebut nerak pirang-pirang negara, wiwit saka Rusia, Bulgaria, Bosnia, Rumania, Swis, Slowakia, lan liya-liyane ing kutub lor. Barat salju kasebut nganti bisa ndadekake kali-kali padha dadi es amarga saking anyepe. Hawa ing tengah wengi suhune bisa ngancik -25 C, malah bisa luwih cendhek maneh. Mula ora mokal, kanthi adheme hawa kang ora umum kasebut, akeh tinemu wong padha tiwas ing pirang-pirang negara kasebut. Wong sing mati amarga kadhemen, yen digunggung wis luwih saka rong atus wong. Racake sing padha mati yaiku para glandhangan kang pancen ora duwe omah. Dheweke ana sing mati ing ngisor kreteg, omah kothong, ing petamanan, lan liya-liyane.
Udan salju pancen meh saben taun dialami dening negara-negara kutub. Nanging yen barat salju durung mesthi saben taun ana. Kanthi anane barat salju iki, mesthi wae akeh gawe kuwatire warga Eropa. Akeh kegiyatan yang wurung bisa kaleksanan, amarga transportasi padha cures. Montor mabur ora bisa mabur amarga pedhut kang kandel. Bandharane uga dikebaki salju. Yen dibacutake malah bisa dadi cilakane sing padha numpak. Semono uga sepur, bus, lan kapal, padha ora bisa mlaku amarga banyu kali, laut, lan dalane kebak es. Akeh wong padha murungake anggone padha lelungan. Bisane mung padha neng omah sinambi ngangetake awak ben ora katisen.
Ana sing ngandhakake yen sejatine anane barat salju ing dhaerah kutub iki amarga saka owahe iklim. Anane “pemanasan global” dianggep dadi jalarane. Bab kasebut uga dumadi ing tlatah tropis, kaya dene Indonesia lan Brasil. Ing negara-negara tropis, yen awan, panase bisa ngluwihi suhu umume. Yen wis ngono, banjur akeh muncul penyakit-penyakit. Mula, supayane pemanasan global ora tansaya nguwatirake, perlu tumindak saka kabeh negara kanggo nyegah kang luwih parah. Supaya ing negara-negara kutub ora tansaya kereb dumadi barat salju, semono uga ing tlatah tropis, yen awan panase ora panas banget.
http://pendidikan-kita-semua.blogspot.com/